Curahan Hati

WEJENGAN PINI SEPUH

*Rejezi iku ora isa ditiru…..,

Senajan pada lakumu….,

Senajan pada dodolanmu,

Senajan pada kerjamu,

*Hasil sing ditampa bakal beda-beda

Iso beda neng akehe bandha,

Iso uga ana neng rasa lan ayeme ati,

Yaaa iku sing jenenge bahagia….

 

*Kabeh iku saka tresnane Gusti kang maha kuwasa….

Sapa temen bakal tinemu,

Sapa wani rekasa bakal gayuh mulya.

Dudu akehe, nanging berkahe kang dadekake cukup lan nyukupi…

 

*Wis ginaris nang takdire menungsa yen apa sing urip kui wis disangoni saka sing kuwasa,

Dalan urip lan pangane wis cemepak cedhak kaya angin sing disedhot bendinane…,

Nanging kadhang menungsa sulap mata lan peteng atine,

Sing adoh saka awake katon padhang cemlorot ngawe-awe,

Nanging sing cedhak neng ngarepe lan dadi tanggung jawabe disia-sia kaya ora duwe guna.

 

*Rejeki iku wis cemepak saka Gusti, ora bakal kurang anane kanggo nyukupi butuhe

menungsa saka lahir tekane pati…,

nanging yen kanggo nuruti karep menungsa sing ora ana watese, rasane kabeh cupet, neng pikiran ruwet,

lan atine marahi bundhet.

 

*Welinge wong tuwa, apa sing ana dilakoni lan

Apa sing during ana aja diarep-arep, semelehke atimu, yen wis dadi duwekmu baka tinemu,

Yen ora jatahmu, apa meneh kok ngerebut saka wong liya nganggo cara sing ala, ya dienteni wae,

Iku bakal gawe uripmu lara, rekasa lan angkara murka sak jeroning kaluwarga,

 kabeh iku bakal sirna balik dadi sakmestine.

 

*Yen umpama ayem iku mung bisa dituku karo akehe bandha dahna rekasane dadi wong sing ora duwe

Untunge ayem isa diduweni sapa wae sing gelem ngleremke atine ing bab kadonyan,

Seneng tetulung marang liyan, lan pasrahake urip marang GUSTI ALLAH.

 

Leave a Reply

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *